19 He putri Mesir kang wis suwe pamanggoniranyepakna samubarang kang kanggo lakuniramenyang ing pambuwangan.Amarga Memfis bakal dadi sepi mamring,dinadekake jugrugan kang ora dienggoni maneh.
20 Mesir iku pedhet kang bregas,nanging ana laler cathak siji kang nekani saka lor.
21 Uga prajurit buruhan kang ana ing kono,iku kaya pedhet-pedhet kang lemu,padha minger lan lumayu bebarengan,padha ora bisa nanggulangi,amarga dinaning bilai nempuh marang wong-wong iku,yaiku mangsa tibaning paukumane.
22 Swarane kaya ula kang ngeses,samangsa padha maju kanthi wadya-bala;padha nempuh marang dheweke klawan nggawa wadungkayadene para blandhong.
23 Wong iku padha negori alase,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --sanadyan ora kena dileboni:amarga luwih akeh katimbang walang,tanpa wilangan cacahe.
24 Putri Mesir dadi kawirangandipasrahake marang ing tangane bangsasaka ing lor.”
25 Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Lah, Ingsun ndhatengake paukuman marang dewa Amon saka Tebe, marang Pringon dalah tanah Mesir, para dewane lan para ratune, yaiku marang Pringon dalah para wong kang pracaya marang dheweke.