26 Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang ing tangane wong kang ngarah marang nyawane, yaiku ing tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil lan para punggawane. Nanging sawise iku, nagara iku bakal dienggoni kaya dhek jaman kuna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.