1 Tumrap Moab.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel:“Bilai Nebo, amarga kutha iku wus karusak!Kiryataim wus kawirangan lan wus karebut!Kutha-beteng iku kawirangan lan giris!
2 Kamulyane Moab wus sirna!Ana ing Hesybon wong ngrantam bilai tumrap kutha iku:Payo padha disirnakake bangsa iku!He Madmen, uga sira bakal dibungkem,sira bakal kaoyak-oyak dening pedhang.
3 Rungokna! Pasambat saka ing Horonaim:Karusakan! Gempuran gedhe!
4 Moab wus digempur nganti lebur,pasambating wong keprungu nganti tekan Zoar.
5 Lah, wong padha munggahing unggah-unggahan Luhit karo nangis.Lah, ing dalan udhun-udhunan menyang Horonaim,keprungu pasambat marga tinempuh ing sangsara.
6 Lumayua, ungsekna nyawanira;dadia kaya kuldi alas ing pasamunan!
7 Lah, sarehne sira ngendelake betengira,lan kasugihanira,sira uga bakal karebut.Kamos bakal menyang ing pambuwangan,bareng karo para imam lan panggedhene.