36 Marga saka iku kayadene Ingsun trenyuh miyarsa swaraning suling, mangkono uga galihingSun trenyuh nguningani kaanane Moab lan kaanane para wong Kir-Heres; sakehing bandhane kang ditumpuk-tumpuk rak wis ilang kabeh?
37 Lah, saben sirah diplonthos lan sadhengah jenggot dicukur, kabeh tangan ana belekane lan padha nganggo sandhangan prihatin ana ing lambunge.
38 Ing payon-payonaning omah ing Moab lan ing alun-alune mung ana kasusahan thok; -- lah, Ingsun wus ngepruk Moab kaya wadhah beling, temah ora ana wong kang seneng marang iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
39 Iba kagete Moab! Iba wirange Moab, nganti ngumpetake raine! Moab wus dadi pepoyokan lan pagiris tumrap wong ing saubenge kabeh.
40 Amarga -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah: --Lah, tekane nglayang kaya manuk garudha,lan ngegarake swiwine ing sadhuwure tanah Moab.
41 Kutha-kutha padha dibedhah,beteng-beteng pananggulangan digempur,atine para prawiraning Moab ing kala semanakaya atine wong wadon kang lagi nglarani.
42 Moab bakal mari anggone dadi bangsa,amarga ngegungake dhiri ana ing ngarsane Sang Yehuwah.