Yeremia 49:1-7 JAV

1 Tumrap bani Amon.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Apa ora ana turune Israel,apa ora ana ahli warise?Kena apa Bathara Milkom ndarbeni Gad,lan bangsane ngenggoni kutha-kuthane?

2 Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --Ingsun bakal damel ananesurak ramening paprangan,nglawan Raba kuthane bani Amon.Kutha iku bakal dadi punthuk kang garing,lan kutha-kutha wewengkone bakal padha diobongi,dene Israel bakal ngebeki wong-wong kang biyen ndarbeni iku-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

3 He Hesybon, nangisa, amarga si pangrusakwus mangsah nempuh,he para putri ing Raba,nganggoa sandhangan prihatin, prihatina,ngubengana kutha klawan tatuning belekan,amarga Milkom bakal katawan menyang ing pambuwanganbareng karo para imam lan para panggedhene.

4 He putri kang kumlungkung,sira kok ngegung-ngegungake lebak-lebakiralan ngendelake raja-brananira sarta ngucap:Sapa kang wani teka nempuh aku?

5 Lah, Ingsun ndhatengake pagiris marang sira,-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, --saka ing sakehing panggonan ing saubengiratemah sira padha pating jleritlumayu manut parane dhewe-dhewe,lan ora ana kang nglumpukake para wong kang pating blesar iku.

6 Nanging sawise mangkono Ingsun bakal mulihakekaanane bani Amon iku.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

7 Tumrap Edom.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi:“Apa wus ora ana kawicaksanan ing Teman?Pamrayogane para wong limpad ing budi apa wis ilang?Kawicaksanane apa wis musna?