28 Tumrap Kedar lan karajan-karajane Hazor, kang digecak kaesorake dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Samektaa, majua perang nglawan Kedar,para wong ing sisih wetan sirnakna!
29 Kemah-kemah lan pepanthaning wedhusekarayaha nganti gusis, dalah tendha-tendha lan sakehing pirantine.Unta-untane kabandhangana kabeh uga,lan padha kasurakana: Pageger saka keblat papat!
30 Lumayua, ngungsia dikebat, ndhelika ing guwa-guwa,he wong ing kutha Hazor! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Amarga Nebukadnezar, ratu ing Babilwis gawe putusan tumrap sira kabehlan wus gawe rancangan tumrap sira.
31 Samektaa, majua perang nglawan bangsakang santosa uripe,kang manggon klawan ayem-tentrem,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --apadene kang ora duwe gapura utawa slaraksarta mencil pamanggone.
32 Unta-untane bakal dadi jarahanlan raja-kayane kang akeh cacahe iku dadi rayahan.Ingsun bakal mbuyarake marang keblat papatsakehing wong kang nyukur pucuking rambute mubenglan Ingsun bakal ndhatengake bilai tumrap marang para wong iku,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
33 Hazor bakal dadi pandhelikane asu ajag,dadi papan ngenthak-enthak ing salawas-lawase.Ora ana wong siji-sijia kang bakal manggon ing konolan ora ana manungsa siji bae kang bakal dedunung ana ing kono maneh.”
34 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap Elam, ing nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda: