3 He Hesybon, nangisa, amarga si pangrusakwus mangsah nempuh,he para putri ing Raba,nganggoa sandhangan prihatin, prihatina,ngubengana kutha klawan tatuning belekan,amarga Milkom bakal katawan menyang ing pambuwanganbareng karo para imam lan para panggedhene.
4 He putri kang kumlungkung,sira kok ngegung-ngegungake lebak-lebakiralan ngendelake raja-brananira sarta ngucap:Sapa kang wani teka nempuh aku?
5 Lah, Ingsun ndhatengake pagiris marang sira,-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, --saka ing sakehing panggonan ing saubengiratemah sira padha pating jleritlumayu manut parane dhewe-dhewe,lan ora ana kang nglumpukake para wong kang pating blesar iku.
6 Nanging sawise mangkono Ingsun bakal mulihakekaanane bani Amon iku.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
7 Tumrap Edom.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi:“Apa wus ora ana kawicaksanan ing Teman?Pamrayogane para wong limpad ing budi apa wis ilang?Kawicaksanane apa wis musna?
8 He wong ing kutha Dedan, mlayua dikebat,ndhelika ing guwa-guwa!Amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Esaping samangsa Ingsun ngukum dheweke.
9 Yen juru ngundhuhi anggur nekani sira,bakal ora ngarekake turahaning pangundhuhe?Yen ana maling ing wayah bengi nekani sira,rak bakal ngrusak sasenenge?