1 Lurung-lurung ing Yerusalem padha liwatana,tamatna lan titenana temenan!Titinen ing ara-arane,apa ana wong siji-sijia,apa ana kang nindakake kaadilan lan kang ngupaya kabeneran.Ingsun bakal paring pangapura marang kutha iku.
2 Sanadyan padha ngucap: “Demi Sang Yehuwah kang gesang,”ewadene supatane iku palsu.
3 Dhuh Sang Yehuwah, punapa tingal Paduka boten tumuju dhateng ing kaleresan?Paduka sampun nggebagi tiyang-tiyang punika,ewadene boten ngraos sakit.Paduka sampun ngremuk tiyang-tiyang punika,ewadene sami boten sami purun nampeni pamerdi.Manahipun sami dipun atosaken nglangkungi sela,lan sami boten purun mratobat.
4 Aku banjur nggagas: “Iku kabeh mung wong cilik,iku wong-wong bodho,awit padha ora ngreti marang margining Sang Yehuwah,angger-anggere Gusti Allahe.
5 Prayogane aku marani para wong gedhe,lan rembugan karo wong-wong iku,amarga wong iku kang padha ngretimarang margine Sang Yehuwah,angger-anggere Gusti Allahe.”Nanging kabeh-kabeh wus padha mutungi pasanganlan medhoti tali-talining panancang.