12 Wong iku padha nyelaki Sang Yehuwah,lan ngucap: “Panjenengane ora nindakake apa-apa!Aku padha ora nemahi bilai,aku ora bakal ngalami perang lan pailan.
13 Para nabi iku bakal dadi angin,padha ora kanggonan pangandikane Sang Yehuwah.”
14 Mulane pangandikane Sang Yehuwah,Allahing kang sarwa dumadi mangkene:“Sarehne padha ngucap mangkono,mulane bakal kelakon mangkene tumrap wong iki:Lah Ingsun bakal ndadosake pangandikaningSundadi geni ana ing cangkemira,lan bangsa iki dadi kayubong, dene geni bakal ngobong dheweke nganti entek.
15 He tedhak turune Israel,lah Ingsun bakal ndhatengake bangsa saka ing tanah adoh,kang nempun marang sira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --bangsa kang kuwat santosa,kang anane wiwit kuna mula,lan ora koksumurupi basanelan ora kokngreteni kang dikandhakake.
16 Endhonge kaya kubur kang menga,kabeh padha wong prawira.
17 Bakal padha ngentekake panenan lan panganira,bakal mangan anakira lanang lan wadon nganti entek,bakal ngentekake wedhus-wedhusira lan sapi-sapinira,bakal padha ngentekake wit anggurira lan wit anjirira,lan nggempur kalawan pedhang, kutha-kuthanira kang sentosa,kang sira andelake.”
18 “Nanging ing wektu iku uga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun ora bakal damel tumpesira babar pisan.