18 “Nanging ing wektu iku uga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun ora bakal damel tumpesira babar pisan.
19 Lan manawa sira besuk takon-takon: Apa ta prelune Sang Yehuwah, Gusti Allah kita nindakake prakara iku mau marang kita?, sira wangsulana mangkene: Kayadene anggonira wus nyingkur marang Ingsun lan ngawula marang allah liyane ing nagaranira, sira iya bakal ngawula marang bangsa liya ana ing nagara kang dudu nagaranira.”
20 Iki sira kandhakna marang para turune Yakublan iku sira wartakna ana ing tanah Yehuda,padha sira kandhanana mangkene:
21 “Iki rungokna, he bangsa kang goblog lan kang tanpa budi,kang duwe mripat nanging ora ndeleng,lan duwe kuping, nanging ora krungu!
22 Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun?Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara,kang dadi wewates tetep,kang ora kena dilangkahi?Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah,sanadyan alun-alune gumulung-gulung,iya ora bakal ngliwati watese.
23 Nanging bangsa iki atinetansah nglawan lan mbalela,wis padha nyimpang lan ngilang.
24 Ing sajroning atine ora padha mosik:Prayogane kita padha wedi marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kita,kang paring udan ing kalamangsane,udan ing wiwitan lan wekasaning mangsa,lan netepake mangsa panen kang mesthi kanggo kita.