5 Prayogane aku marani para wong gedhe,lan rembugan karo wong-wong iku,amarga wong iku kang padha ngretimarang margine Sang Yehuwah,angger-anggere Gusti Allahe.”Nanging kabeh-kabeh wus padha mutungi pasanganlan medhoti tali-talining panancang.
6 Mulane bakal padha dipateni dening singa kang metu saka ing alas,lan disempal-sempal dening asu ajaging ara-ara kang garing.Macan tutul bakal ngintip ana ing pinggiring kutha-kuthane,angger wong kang metu, bakal ditubruk.Amarga panerake akeh bangetlan panasare gedhe banget.
7 Kapriye yen mangkono, apa Ingsun bisa ngapura iku?Anak-anakira wus padha nyingkur marang Ingsun,lan padha supata demi kang dudu allah.Sawuse Sunwaregi banjur padha laku bedhang,lan padha gegembyakan menyang ing pelonthen.
8 Wong-wong iku jaran lanang kang lemu lan dremba,padha mbeker melik marang bojoning liyan.
9 Wong-wong iku apa ora Sunukum, marga saka iku kabeh?-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Apa Ingsun ora males marang bangsa kang kaya mangkono iku?
10 Meneka ing kebon anggure kang mawa andha,rusaken, nanging aja dientekake babar pisan.Carang-carange wit anggur buwanganaamarga iku kabeh dudu kagungane Sang Yehuwah!
11 Amarga tedhak turune Israel lan Yehuda-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --wus nyidrani Ingsun temenan.