9 Wong-wong iku apa ora Sunukum, marga saka iku kabeh?-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Apa Ingsun ora males marang bangsa kang kaya mangkono iku?
10 Meneka ing kebon anggure kang mawa andha,rusaken, nanging aja dientekake babar pisan.Carang-carange wit anggur buwanganaamarga iku kabeh dudu kagungane Sang Yehuwah!
11 Amarga tedhak turune Israel lan Yehuda-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --wus nyidrani Ingsun temenan.
12 Wong iku padha nyelaki Sang Yehuwah,lan ngucap: “Panjenengane ora nindakake apa-apa!Aku padha ora nemahi bilai,aku ora bakal ngalami perang lan pailan.
13 Para nabi iku bakal dadi angin,padha ora kanggonan pangandikane Sang Yehuwah.”
14 Mulane pangandikane Sang Yehuwah,Allahing kang sarwa dumadi mangkene:“Sarehne padha ngucap mangkono,mulane bakal kelakon mangkene tumrap wong iki:Lah Ingsun bakal ndadosake pangandikaningSundadi geni ana ing cangkemira,lan bangsa iki dadi kayubong, dene geni bakal ngobong dheweke nganti entek.
15 He tedhak turune Israel,lah Ingsun bakal ndhatengake bangsa saka ing tanah adoh,kang nempun marang sira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --bangsa kang kuwat santosa,kang anane wiwit kuna mula,lan ora koksumurupi basanelan ora kokngreteni kang dikandhakake.