1 Pangandikane Sang Yehuwah lumantar Nabi Yeremia tumrap Babil lan tanahe para wong Kasdim:
2 “Undhangna ana ing antarane para bangsa lan wartakna,ngadegna tunggul lan wartakna,aja disidhem, kandhakna:Babil wus bedhah,Bathara Bel nandhang wirang,Bathara Merodakh wus nandhang giris.Brahalane padha wirang,para dewane kang nistha padha katempuh ing pagiris.
3 Ana sawijining bangsa kang nempuh Babil saka ing lor,njalari tanahe dadi garing,ora ana kang ngenggoni maneh,manungsa apadene kewankabeh padha keplayu larud.
4 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Ing wektu lan ing mangsa ikuwong Israel bakal tekabebarengan karo wong Yehuda;wong iku bakal padha lumaku karo nangisngupaya Sang Yehuwah, Gusti Allahe;
5 wong iku padha takon dalan menyang Sion,parane mrana:Payo kita padha nunggal karo Sang Yehuwah,nunggal ing prajanjian kang langgeng,kang ora bisa dilalekake.