22 Gumuruh swaraning perang ing nagara kono,kang nuwuhake karusakan akeh!
23 Gada kang kanggo saindenging bumikok banjur remuk bubuk, ajur mumur mangkono!Babil kok banjur dadi sangsara nggegirisi mangkonoana ing antarane para bangsa!
24 He Babil, Ingsun masang kalajiret kanggo sira,temah sira kejiret, ora sira nyana.Sira konangan lan pancen kecekelamarga sira wis nantang Sang Yehuwah.
25 Sang Yehuwah wis mbikak gedhong parawatanelan ngedalake dedameling bebendune,amarga ana pakaryan kagem Gusti Allah.Gustining sarwa dumadi,ana ing nagarane wong Kasdim.
26 Payo padha nekani saka ing keblat papat,lumbung-lumbunge wengakna,isine tumpuken, undhung-undhungen lan rusakenlan aja nganti ana kekarene sethithik-thithika!
27 Sakehing sapine patenana,cikben mati kabeh disembeleh!Cilaka wong-wong iku, amarga wus tumeka ing mangsane,yaiku wektu anggone padha tampa paukuman.
28 Padha rungokna! Para wong kang keplayulan kang bisa oncat saka ing nagara Babil,padha teka lan ngabari ana ing Sion,bab piwalese Sang Yehuwah, Gusti Allah kita;piwales marga saka padalemane kang suci.