3 Ana sawijining bangsa kang nempuh Babil saka ing lor,njalari tanahe dadi garing,ora ana kang ngenggoni maneh,manungsa apadene kewankabeh padha keplayu larud.
4 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Ing wektu lan ing mangsa ikuwong Israel bakal tekabebarengan karo wong Yehuda;wong iku bakal padha lumaku karo nangisngupaya Sang Yehuwah, Gusti Allahe;
5 wong iku padha takon dalan menyang Sion,parane mrana:Payo kita padha nunggal karo Sang Yehuwah,nunggal ing prajanjian kang langgeng,kang ora bisa dilalekake.
6 Maune umatingSun kaya wedhus-wedhus kang ketriwal,padha kesasar ditogake bae dening para pangone!,diuja saba ana ing gunung-gunung,padha lumaku saka ing gunung menyang ing tengger,temah lali marang plegungane.
7 Padha dimangsa dening wong kang padha mrangguli nganti entek;lan para satrune padha ngucap:Aku padha ora luput!Amarga iku wus padha nglakoni dosamarang Sang Yehuwah papaning kabeneran,Sang Yehuwah, kang dadi pangarep-arepe para leluhure!
8 Padha lumayu saka ing laladan Babil,saka ing nagarane wong Kasdim!Metua! Dadia kaya wedhus-wedhus lanang,kang manggedheni pepanthane!
9 Amarga lah, Ingsun ngebahakelan nangekake bangsa golongangedhe saka ing tanah lor, supaya nglawan Babil.Wong-wong iku padha masang gelar kanggo nglawan mungsuhe,saka ing kono anggone mbedhah kutha.Panah-panahe kaya pahlawan kang begja,kang ora tau bali nglenthung.