42 Padha asikep gegaman panah lan tumbak; padha ambeksiya, ora kadunungan sih-piwelas. Swarane gumuruh kaya banyuning sagara, padha nunggang jaran, asikep gegaman kaya arep nglurug perang, nempuh marang sira, he, putri ing Babil!
43 Ratu ing Babil wus krungu warta bab iku, temah tangane krasa lemes tanpa daya, krasa sesek, ngrasakake lara kayadene wong wadon kang lagi nglarani.
44 Lah, kaya singa kang jumedhul metu saka gegrumbulaning alas ing bengawan Yarden, kang nekani ara-ara pangonan pepanthaning wedhus, iya mangkono anggoningSun ndadekake wong-wong padha lumayu dadakan saka ing nagara kono, lan Ingsun nuli netepake wong liyane kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa marang Ingsun? Apa ana pangon kang tahan ana ing ngarsaningSun?
45 Mulane padha rungokna putusan kang wus Suntetepake tumrap Babil lan rancangan-rancangan kang wus kadamel tumrap nagarane wong Kasdim: Yaiku kang ringkih dhewe ing antarane pepanthaning wedhus bakal diseret. Apadene ara-ara pangonane dhewe krasa kaget semu gumun ing ngatase para wong iku.
46 Bumi bakal horeg marga krungu pawarta: Babil wus bedhah, tangise bakal keprungu ana ing antarane para bangsa!”