27 Ngadegna tunggul ana ing bumi,ngunekna kalasangka ana ing tengahe para umat,para bangsa padha samektakna ing perangnglawan Babilbalane karajan-karajan kumpulna-- Ararat, Mini lan Askenas --ngadegna senapati nglawan Babil,ngajokna jaran-jaran kang kehe kaya walang!
28 Samektakna para bangsa marang perang,para ratu ing Media,karo para bupati lan para panggedhene,lan sadhengah nagara kang dibawahake.
29 Bumi gonjang-ganjing lan horeg,amarga rantamane Sang Yehuwahtumrap Babil lagi katindakake,yaiku supaya nagara Babil dadi tanah kang cengkar,lan ora ana kang ngenggoni.
30 Para prawiraning Babil wus padha leren anggone perang,padha thenguk-thenguk ana ing beteng-beteng,kuwanene wus ilang,wis dadi kaya wong wadon.Omah-omahe wus kaobong,slaraking gapurane tugel!
31 Playangan kilat lumayu susul-sumusul.Para juru warta padha susul-sumusul,padha nyaosi kabar marang ratu ing Babil,yen kuthane wis padha diejegi saka ing keblat papat,
32 sabrangane wus padha diejegi,beteng-beteng kang kanggo nanggulangi wus diobongi,para prajurit wis padha giris.
33 Sebab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel:Putri ing Babil iku kayadene pamipitan,ing wektune wong ngiles-iles.Sadhela engkas bakal wus mangsa panen.