3 Bala pemanah menthanga gandhewaneincerna marang kang nginceng,lan wong kang aklambi kere!Aja ngeman marang para nom-nomane,sakehing wadya-balane tumpesen!
4 Para wong kang padha pinatenan bakal ambrukana ing nagarane bangsa Kasdimlan wong kang tatu abot ana ing lurung-lurunge.
5 Lah Israel lan Yehuda ora ditinggaldadi randha dening Sang Yehuwah,Gusti Allahe kang sarwa dumadi,amarga nagarane wong Kasdim iku wis kebak kaluputanana ing ngarsane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
6 Lumayua saka ing tengahe tanah Babil,saben wong goleka slameting nyawane,supaya sira aja padha katut katumpes marga saka kaluputane!Amarga iki dinaning piwalese Sang Yehuwah;Panjenengane ngganjar marang para wong Babil.
7 Maune Babil iku kaya tuwung kencanaana ing astane Sang Yehuwah,kang ngendemi wong salumahing bumi.Para bangsa padha ngombe anggure,yaiku jalarane padha dadi edan.
8 Dumadakan Babil ambruk lan remuk;tangisana Babil iku!Jupukna lenga boreh kanggo nambani tatune,bokmanawa bisa waras!
9 Maune aku arep padha nambani Babil,nanging ora bisa waras.Tinggalen bae,payo padha mulih menyang tanahku dhewe-dhewe!Sanyata paukumane wus sundhul ing langit,nganti papak karo mega!