31 Playangan kilat lumayu susul-sumusul.Para juru warta padha susul-sumusul,padha nyaosi kabar marang ratu ing Babil,yen kuthane wis padha diejegi saka ing keblat papat,
32 sabrangane wus padha diejegi,beteng-beteng kang kanggo nanggulangi wus diobongi,para prajurit wis padha giris.
33 Sebab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel:Putri ing Babil iku kayadene pamipitan,ing wektune wong ngiles-iles.Sadhela engkas bakal wus mangsa panen.
34 Aku dimangsa, dijuwing-juwing dening Sang Prabu Nebukadnezar,ratu ing Babil,diselehake kaya mangkok kothong.Panjenengane nguntal aku kaya naga,kang wetenge kebak pangananku kang enak-enak,aku dibuwang.
35 Babil katampeka ing panganiaya lan paniksa kang pancena tumempuh marang aku:kaya mangkono kudune celathune wong ing Sion,getihku cikben tumempuh marang wong ing Kasdim,kaya mangkono kudune ujare Yerusalem.
36 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Lah, Ingsun bakal ngembani prakaranira, lan malesake sira:Ingsun bakal ngasatake sagaranelan mateni sumbere banyu.
37 Babil bakal dadi tumpukan gempuran,pandhelikane asu ajag,panggonan kang marakake ngungun lan ngeses-ngeseslan dadi cecampahan,ora ana kang ngenggoni.