37 Babil bakal dadi tumpukan gempuran,pandhelikane asu ajag,panggonan kang marakake ngungun lan ngeses-ngeseslan dadi cecampahan,ora ana kang ngenggoni.
38 Padha bebarengan nggero kaya singa nom,lan nggereng kaya anak singa.
39 Manawa wus padha krasa sumuk,Ingsun bakal nyawisi bujana,bakal Sunendemi supaya mumet,lan banjur ambruk ing salawas-lawase,sarta ora bakal bisa tangi maneh.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
40 Ingsun bakal ngebrukake wong-wong iku,kang nuli disembeleh kaya cempe,sarta kaya wedhus gembel lan wedhus jawa lanang.
41 Kapriye dene kutha Sesakh,kang dadi pangalemaning jagadbisa kabedhah lan diebroki!Kapriye dene Babil banjur dadi marganetrenyuh mawor gumun ana ing antarane para bangsa!
42 Sagara wus rob ngelebi tanah Babil,alun-alune gumuruh ngebyuki.
43 Kutha-kuthane wus dadi tanah ludhes,tanah mati lan ara-ara samun,kang ora didunungi manungsalan ora diambah ing wong siji-sijia.