47 Mulane lah, bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun nglebur reca-reca ing Babil; sawrataning nagarane bakal nandhang wirang lan sakehing wong kang pinatenan padha ambruk ana ing satengahe.
48 Dene langit lan bumi lan sakehe kang padha ana ing kono bakal rame nyuraki Babil, samangsa para juru pangrusak teka saka ing lor. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
49 Babil bakal ambruk marga wong kang padha mati ing antarane Israel padha kaya wong ing saindenging jagad kang mati dening Babil.
50 Kowe, wong kang padha oncat saka ing pedhang, padha lungaa, aja mandheg-mandheg! Elinga marang Sang Yehuwah ing tanah kang adoh lan Yerusalem timbula maneh ana ing atimu!
51 Kawula sami isin, amargi kula mireng pawartos bab pamada lan panyamah ingkang ngebeki bumi, dene tiyang ngamanca sami mlebet ing papan-papan suci ing padalemanipun Sang Yehuwah.
52 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane Ingsun bakal nglebur reca-recane lan ing saindenging nagarane wong bakal padha nggluruh marga tatu sinuduk.
53 Sanadyan Babil mumbula tekan ing langit lan yasa beteng-beteng ana ing papan kang dhuwur, nganti ora kena diparani, atas dhawuhingSun iku bakal ditekani para juru pangrusak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --