8 Dumadakan Babil ambruk lan remuk;tangisana Babil iku!Jupukna lenga boreh kanggo nambani tatune,bokmanawa bisa waras!
9 Maune aku arep padha nambani Babil,nanging ora bisa waras.Tinggalen bae,payo padha mulih menyang tanahku dhewe-dhewe!Sanyata paukumane wus sundhul ing langit,nganti papak karo mega!
10 Sang Yehuwah wus ndadosake nyatasakehing kabeneran kita;payo padha nyritakake pakaryane Sang Yehuwah,Gusti Allah kita ana ing Sion!
11 Panahe padha lancipana,tameng-tameng padha cepakna!Sang Yehuwah wus nggigah semangate para ratuing Media,amarga rantamane nglawan Babil iku yaiku murih sirnane,iku pamalese Sang Yehuwah, kanggo malesake padalemane kang suci.
12 Acungna tunggul-tunggule marang balowartine Babil,pajagane santosakna!Para wong jaga padha prenahna,nganakna cegatan!Amarga Sang Yehuwah wus ngrantamlan uga bakal nindakake apa kang wus kagem ngancam wong kang manggon ing Babil.
13 He kowe kang padha manggon ana ing pinggiringbengawan lan sugih raja-brana,iki wus tekan ing wekasaning umurmu,wus tekan ing watesing uripmu!
14 Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadiwus supaos demi sarirane piyambak:Sanadyan sira kebak manungsa nganti kaya walang,nanging wong bakal padha nguwuh marang sirapanguwuhing perang.