1 Sang Prabu Zedhekia yuswa selikur taun nalika jumeneng ratu, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sawelas taun. Kang ibu asmane Hamutal, putrane putri Sang Yeremia saka ing Libna.
2 Panjenengane nindakake apa kang ala ana ing ngarsane Sang Yehuwah plek karo apa satindake Sang Prabu Yoyakim.
3 Marga saka bebendune Sang Yehuwah kelakone prakara iki tumrap Yerusalem lan Yehuda, yaiku, anggone banjur padha kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarsane.Sang Prabu Zedhekia mbalela nglawan ratu ing Babil.
4 Mulane nalika ing taun kang kaping sangane jumenenge, ing sasi kang kaping sapuluh tanggal kaping sapuluh Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing Babil kanthi wadya-balane nempuh Yerusalem. Banjur padha masang kemah ngepung Yerusalem lan ngadegake tembok pangepungan ana ing saubenge.
5 Kaya mangkono anggone kutha iku kinepung nganti tumeka ing taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia.