2 Panjenengane nindakake apa kang ala ana ing ngarsane Sang Yehuwah plek karo apa satindake Sang Prabu Yoyakim.
3 Marga saka bebendune Sang Yehuwah kelakone prakara iki tumrap Yerusalem lan Yehuda, yaiku, anggone banjur padha kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarsane.Sang Prabu Zedhekia mbalela nglawan ratu ing Babil.
4 Mulane nalika ing taun kang kaping sangane jumenenge, ing sasi kang kaping sapuluh tanggal kaping sapuluh Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing Babil kanthi wadya-balane nempuh Yerusalem. Banjur padha masang kemah ngepung Yerusalem lan ngadegake tembok pangepungan ana ing saubenge.
5 Kaya mangkono anggone kutha iku kinepung nganti tumeka ing taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia.
6 Ing tanggal sanga sasi kapat, nalika pailan ing kutha kono wus banget lan wis ora ana kang dipangan dening rakyat ing kono,
7 balowartine kutha nuli dibedhah. Bareng Sang Prabu mirsa prakara iku banjur lolos sabalane nilar kutha kono ing wayah bengi, tindak miyos ing gapura ing sela-selaning balowarti loro, cedhak ing taman raja, sanadyan bala Kasdim ngepung Yerusalem temugelang. Anggone padha lumayu ngener lebak Araba-Yarden.
8 Nanging bala Kasdim mburu Sang Prabu lan Sang Prabu Zedhekia kecepeng ana ing lebak Yerikho; para wadya-balane wus padha pating slebar ninggal panjenengane.