Yeremia 52:25-31 JAV

25 Saka kutha kono kang dicekel sawijining punggawa kraton kang diangkat dadi panggedhene para prajurit, lan abdidaleme Sang Prabu pitu kang ana ing kutha kono, lan panitraning senapati kang ngumpulake rakyat dadi prajurit, apadene wong sawidak saka antarane rakyat ing sajroning kutha kono.

26 Nebuzaradan panggedhening wadya-bala pengawal mau dhawuh nyekel para wong iku kang banjur diladekake marang ngarsane ratu ing Babil, ana ing Ribla.

27 Raja ing Babil nuli dhawuh mateni para wong iku ana ing Ribla ing tanah Hamat. Mangkono anggone wong Yehuda padha diangkatake menyang ing pambuwangan saka ing tanahe.

28 Iki cacahe rakyat kang diangkat menyang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan: nalika ing taun kapitune, telung ewu telulikur jiwa saka ing Yehuda;

29 nalika taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Nebukadnezar, wolung atus telung puluh loro jiwa saka ing Yerusalem;

30 nalika ing taun kang kaping telulikur jamane Sang Prabu Nebukadnezar, kang diangkatake menyang ing pambuwangan dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala pengawal mau pitung atus patang puluh lima jiwa saka ing Yehuda; gunggunge kabeh ana patang ewu nem atus jiwa.

31 Wusana nalika ing taun kang kaping telung puluh pitu sawuse Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, kabucal, nalika sasi karolas tanggal selawe ing sasi iku, Sang Prabu Ewil-Merodakh, ratu ing Babil, ing taun jumenenge, ngatingalake piwelase marang Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, sarta banjur ngluwari panjenengane saka ing pakunjaran.