1 He para wong Benyamin padha lumayua ngungsi,saka ing satengahe kutha Yerusalem!Ngunekna kalasangka ana ing Tekoa,ngumbulna kebul kanggo pratandha ana ing Bet-Kerem!Amarga bilai wus ngincer saka ing lor,yaiku karusakan gedhe.
2 Putri ing Sion apa padha karopangonan kang banget disenengi?
3 Temahan para pangon padha nekaniklawan pepanthaning kewane?Padha masang tarub-tarube ana ing sakubenge.Siji-sijine padha mangan apa kang tinemu nganti gusis.
4 “Padha samektaa ing perang nglawan dheweke;payo padha nempuh ing wayah tengange!”“Cilaka aku kabeh, amarga srengengene wus ngglewang,wayangane ing wayah sore wus dadi dawa!”
5 “Payo, padha mangsah perang ing wayah bengi,lan ngrusak kedhaton-kedhatone!”
6 Amarga pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi mangkene:“Wit-witane padha tegorana lan urugana lemah,dadia tanggul kanggo nglawan Yerusalem!Jer iku kutha kang kudu diukum!Mung panganiaya kang tinemu ana ing kono!
7 Kaya sendhang kang ngluberake banyune,iya mangkono Yerusalem anggone ngwetokake durakane.Ambeksiya lan panganiaya tansah keprungu ana ing kono,tatu lan gebugan tansah Sunpirsani.