23 Padha sikep gegaman panah lan tumbak,padha ambeksiya ora duwe rasa welas.Swarane jumlegur kaya sagara,padha nunggang jaran,samekta kaya wong mangsah perang,padha nempuh marang sira, he putri ing Sion!”
24 Aku wus padha krungu wartane,tanganku wus padha jimpe,aku padha ketaman ing sesek,aku padha ngrasakake lara kaya wong wadon nglarani.
25 “Aja padha metu menyang ing ara-ara,lan aja lumaku ana ing dedalan,amarga pedhanging mungsuh ngamuk,pagiris teka saka ing keblat papat!”
26 He putrining bangsaku,padha manganggoa sandhangan bagorlan gulunga ana ing lebu!Nandhanga sedhih kaya nangisi anak ontang-anting,nangisa kalawan susah sedhih.Amarga kang gawe pepati bakal teka kalawan ndadaklan nempuh marang sira.
27 Ingsun wus ngangkat sira saka ing antaraning para umatingSun dadi tukang neter,sira kudu ngreti carane niti-priksa,lan kudu neter tindak-tanduke.
28 Wong-wong iku kabeh padha wong kang seneng tumindak duraka,mloka-mlaku mrana-mrene mitenah wong;kabeh padha laku ala!
29 Ububan wis ngempus-empusnanging kang metu saka geni mung timbel,tembaga lan wesi.Ora ana gunane mbesot terus-terusan,nanging para wong duraka ora bisa kapisah.