4 “Padha samektaa ing perang nglawan dheweke;payo padha nempuh ing wayah tengange!”“Cilaka aku kabeh, amarga srengengene wus ngglewang,wayangane ing wayah sore wus dadi dawa!”
5 “Payo, padha mangsah perang ing wayah bengi,lan ngrusak kedhaton-kedhatone!”
6 Amarga pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi mangkene:“Wit-witane padha tegorana lan urugana lemah,dadia tanggul kanggo nglawan Yerusalem!Jer iku kutha kang kudu diukum!Mung panganiaya kang tinemu ana ing kono!
7 Kaya sendhang kang ngluberake banyune,iya mangkono Yerusalem anggone ngwetokake durakane.Ambeksiya lan panganiaya tansah keprungu ana ing kono,tatu lan gebugan tansah Sunpirsani.
8 He Yerusalem, sira nampanana pamerdi,supaya Ingsun ora nilar sira,lan ora ndadekake sira sepi mamring,dadi nagara kang suwung!”
9 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi:“Kekarene wong Israel asagana nganti njlimet,kaya pangasage wit anggur.Balia dadi kaya tukang ngundhuh anggur,klawan tanganira kang methiki woh anggur ing carang-carange!”
10 Marang sapa anggonku kudu kandhalan nglairake paseksen supaya wong banjur padha nggatekake?Kupinge wong-wong mau nyata ora tetakan;wong-wong iku ora bisa ngrungokake!Lah, pangandikane Sang Yehuwah dadi cacadan,ora disenengi.