Yeremia 6:9-15 JAV

9 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi:“Kekarene wong Israel asagana nganti njlimet,kaya pangasage wit anggur.Balia dadi kaya tukang ngundhuh anggur,klawan tanganira kang methiki woh anggur ing carang-carange!”

10 Marang sapa anggonku kudu kandhalan nglairake paseksen supaya wong banjur padha nggatekake?Kupinge wong-wong mau nyata ora tetakan;wong-wong iku ora bisa ngrungokake!Lah, pangandikane Sang Yehuwah dadi cacadan,ora disenengi.

11 Nanging aku kebak bebendune Sang Yehuwah,nganti kesel anggonku nahanake,kudu ngesokake iku marang bayi ing dedalan,lan marang kumpulane para wong nom-noman.Dadia lanang dadia wadon mesthi padha dicekel,iya kang tuwa, iya kang wus akeh umure.

12 Omah-omahe bakal dadi duweke wong liya,dalasan pategalan-pategalane lan bojo-bojone.“Lah, astaningSun bakal Sunacungake,nglawan wong kang manggon ing nagara kene,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

13 Lah, wiwit saka kang cilik nganti tumeka kang gedhe,panunggalane wong-wong iku,kabeh padha ngudi oleh bathi,dadia nabi dadia imam kabeh padha ngapusi.

14 Padha nambani tatune umatingSun,iku kaangep entheng, celathune:Tentrem rahayu! Tentrem rahayu!Nanging ora ana tentrem rahayu.

15 Pancene kudu padha rumangsa wirang,amarga padha nindakake kanisthan,nanging babar pisan ora rumangsa isinlan padha ora nyumurupi ing kanisthane.Mulane bakal padha ambruk ana ing satengahe wong kang padha ambruk;bakal padha kesandhung lan tibaing nalika Ingsun ngadili wong-wong iku,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”