19 Apa panggalihingSun kang salugune digawe gerah, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- apa dudu atine dhewe kang digawe lara temah banjur padha wirang?
20 Mulane mangkene pangandikane Gusti Allah: Lah bebenduningSun lan dedukaningSun bakal kaesokake ana ing papan kene, marang manungsa, kewan lan wit-witan ing ara-ara lan marang pametuning bumi: mulad-mulading bebendu mau bakal ora bakal sirep-sirep.”
21 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Kurbanira obaran kanthekna kurbanira sembelehan lan panganen daginge!
22 Sanyata, ing nalikane Ingsun ngirid leluhurira metu saka ing tanah Mesir, Ingsun ora ngandika lan ndhawuhake apa-apa bab kurban obaran lan kurban sembelehan.
23 Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.
24 Ewadene ora padha ngrungokake lan nggatekake, malah padha nuruti kekarepane lan tekade kang ala, apadene padha mungkur lan ora madhep.
25 Wiwit rikala leluhurira metu saka ing tanah Mesir tumeka saprene, saben dina ora kendhat-kendhat Ingsun ngutus para abdiningSun, para nabi, marani dheweke,