27 Sanadyan sira mratelakake sakehing prakara iki marang wong-wong iku, ewadene padha ora ngrungokake lan sanadyan sira nguwuh-uwuh ewadene ora padha mangsuli.
28 Mulane padha tuturana mangkene: Iki bangsa kang emoh ngrungokake swaraning Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan emoh nampani pamerdi! Kaburusane wus sirna, wus oncat saka ing cangkeme.”
29 Rambuting sirahira cukuren lan buwangen!Nganakna patangisan ana ing gunung-gunung kang gundhul,awitdene Sang Yehuwah wus nampik lan mbucalbangsa kang ketaman ing bebendune!
30 Jer wong Yehuda wus padha nglakoni apa kang ala ana ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- sarta wus padha mapanake dewa-dewane kang najisake padaleman, kang nganggo asmaningSun ndadekake najise.
31 Wong iku wus padha ngadegake tengger pangurbanan kang aran Tofet ing Lebak Ben-Hinom kanggo ngobong anak-anake lanang lan wadon, prakara kang ora tau Sunprantahake lan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun.
32 Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah: Mulane lah bakal teka wektune, panggonan iki wus ora aran “Tofet” lan “Lebak Ben-Hinom” maneh, nanging “Lebak Panyembelehan”; wong bakal padha ngubur mayit ana ing Tofet, amarga wus kentekan pakuburan,
33 malah mayite bangsa iki bakal padha dadi pakane manuk ing awang-awang sarta sato kewan ing bumi, ora ana kang munasika.