2 dieler ana ing sangisoring srengenge, rembulan lan sagolonganing langit, kang biyene ditresnani, dikawulani, dianut, diupadi lan disujudi. Kabeh iku ora bakal dikumpulake lan dikubur, iku bakal kagawe rabuk ing pategalan.
3 Nanging sakehe kekarene wong kang ala iku bakal luwih seneng mati katimbang urip ana ing sadhengah panggonan, kang Sunagem mbuyarake wong-wong iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi.
4 Sira mratelakna marang para wong iku:“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Wong kang tiba iku apa ora tangi maneh?Wong kang nyingkur iku apa ora bali maneh?
5 Yagene bangsa iki mungkur,mungkur terus?Padha nekad laku cidra,lumuh mratobat.
6 Ingsun wus nggatosake lan midhangetake,kandhane ora jujur!Ora ana kang nggetuni pialanekaro ngucap: Apa ta kang wus daklakoni iki!kalawan mbedhal lumayu padha nggeblas manut parane dhewe-dhewekaya jaran kang nrejang ing peperangan.
7 Dalah manuk cangak ing awang-awang, ngreti mangsane,manuk drekuku, sriti lan bangopadha kelingan mangsane bali,nanging umatingSun ora sumurupangger-anggere Sang Yehuwah.
8 Kapriye dene sira wani ngucap:Aku iki wicaksanalan nduweni Torete Sang Yehuwah?Lah, pene juru tulis kang cidra,wus ngowahi dadi goroh.