9 Para wong wicaksana bakal padha kawirangan,kaget lan keblusuk.Lah wis padha nampik pangandikane Sang Yehuwah,apa isih padha kadunungan kawicaksanan?
10 Mulane rabine bakal padha Sunpasrahake marang wong liya,lan pategalan-pategalane marang para penjajah.Lah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe,kabeh padha ngupaya kauntungan,dadia nabi, dadia imam,kabeh padha laku cidra.
11 Wong iku padha nambani tatune putrining umatingSun,kang dianggep mayar bae, celathune:Tentrem rahayu! Tentrem rahayu!Nanging ora ana tentrem rahayu.
12 Pancene kudu rumangsa wirang,amarga padha nglakoni kanisthan,nanging padha ora rumangsa wirang babar pisanlan ora ngrumangsani cacade.Mulane bakal padha tiba ana ing satengahe wong kang padha ambruk,bakal padha kejengklok,samangsa padha tampa paukuman,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
13 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:Ingsun arsa mundhut pametune,nanging wite anggur ora ana wohe,wite anjir ora ana wohe,lan godhonge wus padha alum,mulane Ingsun bakal netepake,para wong kang bakal padha ngidak-idak wong-wong iku.”
14 Yagene kita kok mung padha lungguhan bae?Payo padha ngumpul lan ngungsi menyang ing kutha kang santosalan lebur ana ing kono!Awit Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, nglebur kita,maringi omben-omben racun marang kita,sabab kita wus gawe dosa ana ing ngarsane.
15 Kita ngarep-arep kantentreman,nanging ora ketekan sawiji-wijia kang becik,ngarep-arep waras, nanging kang ana mung pagiris.