1 Saupama sirahku kebak banyu,lan mripatku dadi sumbering luh,mesthi rina-wengi anggonku nangisipatine para bocahe wadon bangsaku.
2 Saupama aku duwe pamondhokan ana ing ara-ara samun,kanggo wong kang lagi lelana,aku mesthi bakal lunga sumingkir ninggal bangsaku!Awit iku kabeh wong kang laku jina,golonganing wong kang ora setya.
3 Iku padha menthang ilate kaya gandhewapiala lan dudu kabeneran, kang misesani nagara.Sanyata, kebacut-bacut anggone padha nglakoni piala,nanging padha ora wanuh marang Sang Yehuwah.
4 Becike saben wong ngawekanana kancane,lan aja ngandel marang sadhengaha sadulur,amarga kabeh sadulur dadi juru apuslan saben kanca mlaku mrana-mrene gawene mitenah.
5 Kang siji ngapusi sijine,lan ora ana wong siji-sijia kang tembunge bener,padha ngulinakake ilate ngucap goroh,padha nindakake kaluputan lan emoh mratobat.
6 Panganiaya matumpa-tumpa,para cidra tumpuk-undhung!Padha ora gelem wanuh marang Sang Yehuwah.