10 Nangisa lan sesambata marga saka gunung-gunung,lan nangisa marga saka pasuketan ing ara-ara samun,awitdene wus suwung kabeh,nganti ora ana kang ngambah,lan ora keprungu maneh swaraning raja-kaya,dadia manuk ing awang-awang,dadia sato kewan wus padha lumayu kabeh, wis ora ana.
11 Ingsun bakal damel Yerusalem dadi jugruganpapan pandhelikaning asu ajag.Ingsun bakal damel kutha-kutha Yehuda dadi sepi mamring,ora ana kang manggon maneh.”
12 Endi wong kang wicaksana, kang nganti bisa ngreti bab iki, wong kang nampani pangandika saka lesaning Sang Yehuwah, supaya bisa mratelakake iku? Apa sababe tanah iki rusak, suwung kaya ara-ara samun, nganti ora ana wong kang ngambah?
13 Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sarehne wong iku wus padha nglirwakake Angger-anggeringSun, kang wus Sunparingake, sarta ora ngrungokake marang swaraningSun lan ora nurut marang iku,
14 nanging padha nuruti apa sakareping atine, apadene manut marang para Baal kaya kang diwulangake para leluhure,
15 mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: Lah Ingsun bakal makani butrawali marang bangsa iki lan Sunombeni racun.
16 Ingsun bakal nyebar wong iki ana ing tengahe para umat kang ora ditepungi dening wong-wong iku lan para leluhure lan Ingsun bakal nglepasake pedhang kang ngoyak wong-wong iku, nganti wus padha Sunsirnakake.”