4 Becike saben wong ngawekanana kancane,lan aja ngandel marang sadhengaha sadulur,amarga kabeh sadulur dadi juru apuslan saben kanca mlaku mrana-mrene gawene mitenah.
5 Kang siji ngapusi sijine,lan ora ana wong siji-sijia kang tembunge bener,padha ngulinakake ilate ngucap goroh,padha nindakake kaluputan lan emoh mratobat.
6 Panganiaya matumpa-tumpa,para cidra tumpuk-undhung!Padha ora gelem wanuh marang Sang Yehuwah.
7 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah,Gustining kang sarwa dumadi:“Lah Ingsun karsa nglebur lan neter bangsa iki,jer apa maneh ta kang bisa Suntandukaketumrap anake wadon umatingSun?
8 Ilate iku panah kang memateni,tembung kang kawetu saka ing cangkeme iku apus,pangucape marang kancane: tentrem,nanging ing sajroning batine isi pangincim-incim.
9 Apa Ingsun ora bakal ndhawahake paukumanmarang wong-wong iku, marga saka iki kabeh?Apa Ingsun ora bakal males ukum marang bangsa kang kaya mangkene iki?,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
10 Nangisa lan sesambata marga saka gunung-gunung,lan nangisa marga saka pasuketan ing ara-ara samun,awitdene wus suwung kabeh,nganti ora ana kang ngambah,lan ora keprungu maneh swaraning raja-kaya,dadia manuk ing awang-awang,dadia sato kewan wus padha lumayu kabeh, wis ora ana.