19 dumadakan wonten angin prahara dhateng saking pasamunan ingkang lajeng nempuh griya wau ing pojok-pojokipun sekawan; griyanipun rebah njugrugi para tiyang anem wau, temah sami pejah sadaya, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”
20 Ing kono Ayub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, cukur rambut sarta sumungkem sujud ing bumi,
21 pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”
22 Sajrone iku mau kabeh Ayub ora nganti gawe dosa, sarta ora nacad pisan-pisan marang Gusti Allah.