1 Elihu banjur mbacutake calathune:
2 “Apa iki kang kokanggep adillan anggonmu calathu: kabeneranku ana ing ngarsane Gusti Allah,
3 karodene pitakonmu kang mangkene: Iku maedahi apa marang aku?Apa kaluwihanku yen katimbang karo anggonku nglakoni dosa?
4 Aku kang bakal mangsuli kowelan para mitramu pisan:
5 Mara tumengaa marang ing langit,delengen mega-mega kang ngungkuli kowe iku!
6 Manawa kowe kang nglakoni dosa iku kowe arep tumindak apa ana ing ngarsane?Manawa panerakmu akeh, iku kowe nglakoni apa ana ing ngarsane?
7 Manawa kowe tumindak bener, iku kowe ngolehake Panjenengane apa,utawa Panjenengane tampi apa saka kowe?
8 Mung wong kang kaya kowe iku kang kapitunan marga saka durakamulan mung anake manungsa kang oleh kauntungan marga saka kabeneranmu.
9 Wong ngadhuh-adhuh iku marga saka kaebyukan ing panganiaya,sambat-sambat marga saka panindhese para wong kang kwasa;
10 nanging wong ora takon: Ana ing ngendi Gusti Allah kang nitahake aku,lan kang paring kidung pamuji ing wayah bengi;
11 kang maringi kita akal-budi ngungkuli kewan ing bumi,lan kawicaksanan ngungkuli manuk ing awang-awang?
12 Ing kono wong padha sesambat, nanging Panjenengane ora paring wangsulan,marga saka gumunggunge para wong ala.
13 Sanyata pasambat kang tanpa isi iku ora dipiyarsakake dening Gusti Allahlan ora dipreduli dening Kang Mahakwasa.
14 Saya maneh yen kowe calathu, manawa kowe ora ndeleng Panjenengane,manawa prakaramu wus katur ing ngarsane,
15 lan kowe kudu ngenteni karampungane!Nanging saiki: marga dukane ora ndhawahake paukumanlan Panjenengane ora pati mreduli marang panerak,
16 Ayub banjur muni-muni kang tanpa guna,sarta crewet, kang tanpa teges.”