1 Semangatku wus rusak, umurku wus tumeka ing wekasane,sarta aku wus kacawisan kuburan.
2 Sanyata aku iki dadi poyokan,mripatku kepeksa ndeleng anggone padha tantang-tantangan.
3 Mugi Paduka karsaa dados tetanggelan kawula wonten ing ngarsa Paduka piyambak.Manawi boten makaten sinten malih ingkang saged ngwontenaken pasarujukan kangge kawula?
4 Awit manahipun sampun sami Paduka dadosaken buntet.Mila Paduka boten maringi kaunggulan.
5 Sing sapa nggugatake mitra-mitrane supaya oleh kauntungan,mripate anak-anake bakal dadi lamur.
6 Aku wus didadekake pocapan ana ing satengahing para bangsa,sarta dadi wong kang diidoni raine.
7 Mripatku dadi lamur marga saka susah,kabeh peranganing awakku dadi kaya wewayangan.
8 Para wong kang jujur padha kaeraman marga saka kang mangkono iku,lan wong kang ora luput dadi nepsu marang wong duraka.
9 Sanadyan mangkono wong mursid lestari lumaku ana ing dalane,sarta wong kang resik tangane saya mundhak santosa.
10 Nanging kowe kabeh, mara padha balia!Aku ora bakal mrangguli wong wicaksana ana ing tengahmu.
11 Umurku wus kliwat, wus gagal rancangan-rancanganku,kang dadi idham-idhamanku.
12 Bengi bakal padha didadekake awan:padhang bakal enggal jumedhul saka ing peteng,mangkono kandhane.
13 Manawa aku ngarepake jagade wong mati dadi omahku,nyawisake paturonku ana ing pepeteng,
14 sarta calathu marang luwang kuburan: Kowe iku bapakku,lan marang set: Biyungku tuwin sadulurku wadon,
15 banjur apa pangarep-arepku?Sapa kang sumurup manawa aku duwe pangarep-arep?
16 Iku bakal padha tumurun menyang ing dhasaring jagade wong mati,manawa aku padha bebarengan tumurun menyang ing sajroning lemah.”