Ayub 21 JAV

Wangsulane Ayub: ana ing donya kene, wong duraka katone oleh kabegjan kang awet

21:1-34

1 Nanging Ayub mangsuli, pangucape:

2 “Rungokna kang temenan ta calathuku,iku minangkaa panglipurmu.

3 Aku sabarana, aku dakcalathu,sawuse iku kowe padha kena memada.

4 Apa marang manungsa anggonku sesambatsarta kapriye anggonku ora pegel atiku?

5 Aku ingetna, temah kowe bakal padha kaeramanlan nutup tutukmu kalawan tangan.

6 Manawa dakpikir, aku dadi wedilan awakku banjur gumeter.

7 Yagene wong duraka kok lestari urip,dadi tuwa, malah wuwuh-wuwuh kakuwatane?

8 Tansah rinubung ing anak putune,turune padha ana ing ngareping mripate.

9 Omahe padha tentrem, ora ana rasa wediora ketiban ing gebaging Allah.

10 Sapine lanang padha macek lan mesthi dadi,sapine wadon padha manak ora tau keluron.

11 Anak-anake lanang padha diumbar kaya pepanthan wedhus;anak-anake padha alincak-lincak,

12 padha tetembangan digameli trebang lan clempung,sarta padha bungah-bungah manut swaraning suling.

13 Sajege urip padha ngrasakake kamuktenlan kalawan tentrem anggone tumurun ing jagate wong mati.

14 Nanging ujare marang Gusti Allah: Sumingkira saka ing aku!Aku padha ora seneng nyumurupi dalan-dalanmu.

15 Kang Mahakuwasa iku sapa ta, dene aku kok padha kudu ngabekti marang Panjenengane,sarta apa gunane, manawa aku padha nyenyuwun marang Panjenengane?

16 Pancen, kabegjane iku ora dumunung ana ing tangane.Rancangane wong duraka iku adoh saka ing aku.

17 Damare wong duraka iku kerep dipateni;padha ketaman ing sangsara,sarta padha kapanduman kasusahan dening Allah sajroning bendu.

18 Padha kaya dami ana ing ngareping angin,kaya mrambut kabur ing prahara.

19 Bilaine kasimpen dening Allah kanggo anak-anake.Prayogane wong iku dhewe kang diganjar dening Gusti Allah, supaya krasa,

20 prayogane mripate dhewe supaya nyumurupi karusakane,lan awake dhewe ngombe bebendune Kang Mahakuwasa!

21 Awit dheweke isih mreduli apa marang brayate sawuse mati,yen wus entek gunggunging sasine?

22 Mangsa Gusti Allah kok dicaosi piwulang dening manungsa,Panjenengane kang ngadili wong-wong mau saka ing ngaluhur!

23 Ana wong kang matine isih kadunungan kakuwatan pepak,kalawan tentrem lan santosa,

24 bangkekane lemu dening gajih,lan sungsume balung-balunge isih seger.

25 Ana maneh kang matine kalawan lara atine,lan ora tau ngrasakake kanikmatan.

26 Nanging kabeh padha sumeleh ing sajroning lemah,lan padha karubung ing set.

27 Lah aku wus sumurup, kang dadi pikiranmu,lan akal kaculikan kang kokrancang tumrap aku.

28 Ujarmu: Ngendi omahe kang nyekel pangwasa,endi tarub kang dienggoni dening wong-wong duraka?

29 Apa kowe padha durung tau takon marang wong-wong kang lumaku ing dalan?Apa kowe bisa mbantah marang pituduhe,

30 yaiku manawa wong ala dieman samangsa dina bilai,lan diuwalake ing dina bebenduning Allah?

31 Sapa kang bakal terus nggugat bab kalakuanelan ngganjar marang panggawene?

32 Dheweke digawa menyang ing pakuburan,lan kubure direksa ing wong.

33 Kapenak anggone katutupan ing prongkalan-prongkalan lemah ing lebak;saben wong ngetutake dheweke,lan kang wus ndhisiki tanpa wilangan.

34 Banget kothonge panglipurmu marang aku iku!Kabeh wangsulanmu iku mung apus-apus blaka.”