1 Nuju ing sawijining dina, para putraning Allah padha seba marang ngarsane Pangeran Yehuwah, Iblis nuli iya seba uga ana ing satengahe para putra mau.
2 Pandangune Sang Yehuwah marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Atur wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”
3 Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Sira apa iya nggatekake marang abdiningSun Ayub? Awit ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala, sarta tetep anggone ngantepi ing katemenane, sanadyan sira wus ngojok-ojoki Ingsun supaya Ayub Suntumpes tanpa sabab.”
4 Iblis banjur ngunjuki wangsulan marang Sang Yehuwah: “Kulit gegentosing kulit; punapa sadarbekipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.
5 Nanging saupami Paduka ngagagaken asta saha nggepok balung sarta dagingipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa paduka.”
6 Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Lah Ayub iku wus ana ing tanganira, nanging owelen uripe!”
7 Samundure Iblis saka ing ngarsane Sang Yehuwah, Ayub tumuli diebyuki ing memala barang wiwit ing tlapakane nganti tekan ing embun-embunane.
8 Ayub banjur njupuk wingka kagawe ngeroki awake, sarta nglosod ana ing pawuhan.
9 Ing kono ature bojone: “Punapa panjenengan taksih ngantepi ing katemenan? Sumangga kula aturi nyupaosi Gusti Allah, lajeng kula aturi seda kemawon!”
10 Ewadene wangsulane Ayub: “Calathumu iku kaya wong gemblung, sabarang peparinge Gusti Allah kang becik padha daktampani, kang ala apa ora kudu daktampani uga?” Sajrone iku kabeh Ayub ora nganti gawe dosa kalawan lambene.
11 Kacarita mitrane Ayub telu bareng krungu bab sakehe bilai kang tumama marang dheweke, banjur padha teka saka ing panggonane dhewe-dhewe, yaiku: Elifas wong Teman, Bildad wong Suah lan Zofar wong Naamah; iku wus padha sarujuk arep tilik Ayub prelu mratelakake bela-sungkawa lang nglipur.
12 Kocapa, nalika ndeleng saka ing kadohan, padha pangling marang Ayub, sarta seru anggone padha nangis; apamaneh padha nyuwek-nyuwek jubahe, tuwin nyawurake lebu mandhuwur, nglarabi sirahe.
13 Banjur padha lungguh nglosod ing lemah ana ing ngarepe Ayub, lawase pitung dina pitung bengi, ora ana kang muni sakecap bae, marga padha weruh ing sangsarane Ayub kang luwih dening banget iku.