1 Zofar wong Naama banjur mangsuli calathune:
2 “Wong kakehan rembug iku apa ora kudu diwangsuli?Apa wong kang juweh iku kudu dianggep bener?
3 Apa wong kudu meneng bae krungu ocehmu iku?Tuwin manawa kowe ngala-ala iku apa ora ana kang melehake?
4 Kowe munjuk: Piwulang kawula punika murni,saha kawula resik wonten ing paningal Paduka.
5 Nanging muga-muga Gusti Allah piyambak karsa ndhawuhake pangandika,sarta mbikak lathine tumrap kowe,
6 lan paring sumurup marang kowe bab wewadining kawicaksanan,awit iku isine aneh.Kowe nuli bakal sumurup,yen Gusti Allah ora ngetang kaluputanmu saperangan.
7 Apa kowe bisa njajagi wewadosing Allah,apa bisa nyumurupi wates-watese pangwaose Kang Mahakuwasa?
8 Iki dhuwure padha karo langit; -- kowe bisa nindakake apa?Jerone ngluwihi teleng palimengan: -- kowe mangreti apa?
9 Dawane ngluwihi ukuraning bumi,jembare ngungkuli samodra.
10 Manawa Panjenengane langkung, nuli nangkeplan ngadili, sapa kang bisa mambengi?
11 Amarga Panjenengane nguningani si juru apussarta mirsa piala tanpa ningali.
12 Manawa wong bodho bisa mangreti,beloning kuldi alas iya bisa lair dadi manungsa.
13 Manawa atimu kokcawisake,nuli ngegarake tanganmu marang Panjenengane,
14 sarta piala kang ana ing tanganmu iku kokedohake,tuwin kowe ora aweh duraka manggon ana ing tarubmu,
15 kowe mesthi banjur bisa ndengengek kalawan tanpa cacad,temah santosa lan ora bakal wedi,
16 kowe malah banjur lali marang kasusahanmu,iku mung kokelingi kaya banyu kang wus kepungkur miline.
17 Uripmu padhange bakal ngungkuli wayah tengange,pepeteng bakal dadi padhang kaya esuk.
18 Kowe bakal rumangsa tentrem, awit ana pangarep-arep;sawuse mulat ngiwa nengen banjur bakal turu kepenak;
19 anggonmu nglegeyeh ora bakal ana kang ngreridhu,lan akeh wong kang padha ngempek-empek marang kowe.
20 Nanging mripate wong duraka mesthi bakal dadi lamur,mulane padha ora bisa lumayu ngungsi maneh;kang dadi pangarep-arepe mung pecating nyawane.”