Ayub 9 JAV

Ayub mangsuli: Ora ana wong kang bisa ngalahake Gusti Allah

9:1-35

1 Ing kono Ayub mangsuli, pangucape:

2 “Sanyatane aku wus sumurup, yen iku pancen mangkono,kapriye manungsa anggone bisa tinemu bener ana ing ngarsaning Allah?

3 Saupama Gusti Allah karsa mabeni,ing sewu prakara saprakara bae mesthi ora bisa ngunjuki wangsulan.

4 Sapa ta, sanadyan wicaksana atine lan gedhe kakuwatane,kang bisa nglawan marang Panjenengane sarta lestari slamet?

5 Iya Panjenengane kang ngelih gunung ora kalawan kasumurupan ing wong,lan diwolak-walik ing sajroning bebendune;

6 ngingser bumi saka ing panggonane,satemah saka-sakane padha gonjing,

7 srengenge diwaleri, temah ora mlethek;lintang-lintang dikurung kalawan disegel;

8 Gusti Allah piyambak kang mbeber langit,kang nglangkahi alune sagara,

9 kang nitahake lintang Prau,lintang Wluku lan lintang Wuluh,apadene lintang-lintang ing kidul;

10 kang nindakake pakaryan kang agung, ora kena jinajagan;sarta kaelokan tanpa wilangan.

11 Manawa Panjenengane langkung ing sandhingku, aku ora sumurup,lan manawa lumampah aku ora ndeleng.

12 Manawa Panjenengane ngrebat apa-apa, kang ngalang-alangi sapa?Sapa kang munjuk: Punapa ingkang Paduka tindakaken punika?

13 Gusti Allah ora mekak bebendune,para pambantune Rahab padha tumelung ana ing ngarsane.

14 Apamaneh aku, kapriye bisaku madoni Panjenengane,utawa milih tembung kanggo nglawan marang Panjenengane?

15 Sanadyan aku bener, iya mangsa bisaa ngunjukake panjawab,malah aku kudu nyuwun sih-piwales marang Hakimku.

16 Saupama aku nyenyebut, mangka Panjenengane paring wangsulan,aku mesthi iya ora ngandel, yen Panjenengane karsa miyarsakake swaraku;

17 Panjenengane kang nempuh aku kalawan prahara,sarta kang ngakehake tatuku tanpa sabab,

18 kang ora marengake aku unjal ambekan,nanging kang malah maregi aku kalawan pait-getir.

19 Manawa bab karosan,Panjenengane iku kang kagungan.Manawa bab kaadilan,sapa kang bisa nggugat Panjenengane?

20 Sanadyan aku bener, cangkemku dhewe kang bakal ngluputake aku;sanadyan aku ora salah, Panjenengane kang bakal nyalahake aku.

21 Aku ora luput! Aku ora mreduli awakku,aku ora ngetung uripku.

22 Kabeh-kabeh iku padha bae, mulane pangucapku:Wong luput lan wong ora luput karo-karone padha tinumpes.

23 Manawa cemethine dumadakan memateni,Panjenengane banjur nggegujeng bubrahing nalare wong kang ora luput.

24 Bumi wus kapasrahake marang wong duraka,hakime jagad ditutupi raine;manawa dudu Gusti Allah kang nindakake iku, lah sapa ta?

25 Playune dina-dinaning umurku rikate ngungkuli utusan kilat,wus padha larud tanpa nyumurupi kabegjan,

26 pesating lakune kaya prau glagah,kaya abure manuk garudha kang nyamber memangsan.

27 Saupami kawula gadhah pangucap makaten: Daklalekake sesambatku,dakbuwange anggonku mbesengut, banjur dadi bungah maneh,

28 punika kawula ajrih dhateng kasisahan kawula sadaya,awitdene kawula sumerep, bilih Paduka boten badhe mastani kawula tanpa kalepatan.

29 Kawula temtu katetepaken tiyang duraka,punapa ginanipun kawula ngantos kangelan tanpa wekasan?

30 Sanadyan kawula adusa toya salju,sarta wisuha mawi sabun,

31 Paduka temtu mblesekaken kawula ing endhutan,lajeng sandhangan kawula sami nganggep jijik dhateng kawula.

32 Amarga Panjenengane iku dudu manungsa kaya aku,kang kena dakcaosi panjawab:Sumangga sami sesarengan sowan dhateng ing ngarsaning pangadilan.

33 Ora ana juru pamisah,kang numpangake tangan marang kita sakarone!

34 Satemah Panjenengane banjur nyingkirake gebage saka ing awakku,sarta aku nuli ora giris ana ing ngarsane.

35 Manawa kelakon mangkono, aku iya bakal munjuk ora nganggo wedi,awit aku pancen ora mangkono.”