Ayub 34 JAV

Gusti Allah iku ora atindak culika

34:1-37

1 Elihu banjur calathu:

2 “He para wong wicaksana pituturku padha rungokna.He wong kang kadunungan akal-budi,padha nilingna kuping marang aku,

3 awit kuping iku ngleler tetembungan,kayadene cethak ngrasakake pangan.

4 Prayogane kita nemtokake dhewe apa kang adil,netepake bebarengan apa kang becik.

5 Awit Ayub calathu: Aku bener,nanging Gusti Allah mundhut wewenangku;

6 sanadyan aku bener iya kaanggep goroh,sanadyan tanpa kaluputan, tatuku ora bisa mari.

7 Ngendi ana wong kaya Ayub,kang anggone seneng ngala-ala marang Allah kaya wong kasatan kang nuli ngombe banyu,

8 kang sekuthon karo para wong alalan srawungan karo wong duraka?

9 Amarga ana pangucape: Ora maedahi apa-apa tumrap manungsa,manawa ndadekake kaparenging Allah.

10 Mulane he para wong kang kadunungan akal-budi, padha rungokna pituturku:nglengkara yen Gusti Allah nindakake piala,utawa yen Kang Mahakwasa tumindak culika,

11 nanging manungsa mesthi tampa piwales tumrap panggawene,sarta damel supaya saben wong nemahi kang timbang karo tumindake.

12 Sanyatane Gusti Allah iku ora tumindak luput,Kang Mahakwasa ora mbengkokake kaadilan.

13 Sapa kang mitayakake bumi marang Panjenengane?Sapa kang nitahake jagad iki kabeh?

14 Saupama nggalih marang manungsa,sarta banjur mundhut wangsul roh lan napas kang wus diparingake,

15 wus mesthi kabeh kang urip bebarengan padha pecat nyawane,tuwin manungsa bali dadi lebu.

16 Mulane manawa kowe duwe pangreten, kandhaku iki rungokna,tilingna calathuku.

17 Wong kang sengit marang kaadilan apa bisa nyekel pangwasa,lan apa kowe gelem ngluputakePanjenengane kanga adil lan kang prakosa;

18 kang ngandika marang raja: He, wong dursila,tuwin marang para luhur: He, wong duraka;

19 Panjenengane kang ora ngeloni para penggedhe,sarta ora mbedakake wong luhur karo wong cilik,amarga iku kabeh padha pakaryaning astane?

20 Ing sakedhap netra iku padha mati, ing wayah tengah wengiwong padha digawe geger lan banjur tumpes;wong kang santosa padha kasirnakake ora dening tanganing wong.

21 Amarga paningale mirsani lakuning manungsa,tuwin nguningani tumapaking sikile kabeh.

22 Ora ana pepeteng utawa palimengan,kang dadi pandhelikaning wong ala.

23 Awit Panjenengane ora nemtokake wektune wonganggone bakal sowan ing ngarsaning pangadilane,

24 wong prakosa padha diremuk tanpa kapriksa,lan wong liyane padha kaangkat minangka gegentine.

25 Dadi tetela yen Gusti Allah iku mirsa sabarang tindak-tanduke,sarta ing wayah bengi padha digolingake temah padha lebur,

26 padha digebagi marga saka durakane ana ing ngedhengan,

27 awit padha ninggal Panjenenganelan ora ana kang mreduli marang karsane,

28 njalari panjeriting wong miskinsumengka marang ing ngarsane,sarta Panjenengane iku karsa midhangetake panjeriting wong sangsara.

29 Manawa Panjenengane kendel, sapa kang bakal nibakake paukuman?Manawa ngumpetake pasuryane,sapa kang bakal sumurup Panjenengane,sanajana bangsa utawa sawiji-wijining wong? --,

30 iku supaya wong duraka aja dadi ratu,kang mesthi banjur dadi kala-jirete wong akeh.

31 Nanging manawa ana panunggalane kang munjuk marang Gusti Allah:Kawula sampun ngegungaken badan kawula,nanging salajengipun boten badhe nglampahi piawon malih.

32 kawula mugi kaparingana piwulang bab ingkang kawula dereng mangretos;manawi kawula sampun tumindak culika,kawula boten badhe tumindak makaten malih.

33 Manut pangrasamu apa Gusti Allah kudu ndhawahake piwales?Awit kowe nglairake panacad.Dadine iya kowe kang kudu mutus, dudu aku;mara kandhakna apa kang koksumurupi!

34 Wong kang padha kadunungan akal-budilan wong kang wicaksanakang ngrungokake gunemku iku bakal calathu marang aku:

35 Ayub iki enggone calathu tanpa kawruhlan tembung-tembunge ora isi pangreten.

36 Ah, Ayub iku muga-muga katutugna anggone kacoba,awit anggone mangsuli kaya wong dursila,

37 sarta muwuhi dosane kalawan panerak,ana ing tengahku kabeh ngepelake tanganelan akeh anggone mabeni marang Allah.”