1 Elifas wong Teman banjur mangsuli, celathune:
2 “Wong kang wicaksana apa mangsuli kalawan kawruh kang tanpa isi,sarta ngiseni pikirane kalawan angin?
3 Apa iya anggone srengen iku kalawan tetembungan kang tanpa guna,lan kalawan ujar kang ora maedahi?
4 Karodene kowe ngorakake pangabekti marang Gusti Allah,sarta ngurangi wedi-asihmu marang Gusti Allah.
5 Kaluputanmu kang mulang tutukmutuwin basane wong culika kang kokpilih,
6 tutukmu dhewe kang ngluputake kowe, dudu aku;lambemu dhewe kang melehake kowe.
7 Apa lairmu dadi manungsa kawitan?Anggonmu katitahake apa sadurunge ana gunung?
8 Apa kowe krungu pepesthening Allah,lan apa kowe ngrayud kawicaksanan kanggo awakmu dhewe?
9 Kowe sumurup apa, kang ora daksumurupi,kowe mangreti apa, kang ora cetha tumraping aku?
10 Panunggalanmu ana kang wus uwanen, sarta kang wus tuwa banget,ngungkuli bapakmu.
11 Apa panglipuring Allah iku sepele tumraping kowe,tuwin pitutur kang alus kang tumanduk marang kowe iku apa karemehen?
12 Yagene kowe kok kablingerake dening rasane atimu,sarta mripatmu kok mancereng,
13 satemah atimu banjur dadi nglawan marang Gusti Allah.tuwin tutukmu ngwetokake tetembungan kang kaya mangkono?
14 Manungsa iku mangsa yen suci,lan mangsa yen asipat bener kang lair saka wong wadon iku!
15 Lah para abdine kang suci padha ora dipracaya,sarta langit dipirsani ora mulus resike,
16 mendahane maneh wong kang jember tuwin awatek dursila kang nyruput duraka kaya banyu.
17 Kowe dakkandhani, rungokna!Apa kang wus dakdeleng bakal dakcritakake,
18 yaiku kang dipratelakake dening para wicaksanakang anggone sumurup saka para leluhure ora nganggo digawe wadi,
19 nalika nagara mung kaparingake marang wong-wong mau,lan ora ana wong manca kang lumebu ing kono.
20 Wong duraka nandhang giris sajege urip,wong kang ambek siya iya mangkono uga ing sajroning taun-taun kang cinadhangake.
21 Swara-swara kang nggegirisi tumama ing kupinge,ing mangsa tentrem dheweke ketekan juru pangrusak.
22 Wus ora duwe pangarep-arep yen bisa metu saka ing pepeteng,wus pinesthi dadi pakaning pedhang;
23 nglembara golek pangan, embuh menyang ngendi.Dheweke sumurup, manawa bakal ngalami dina pepeteng.
24 Atine kagawe giris dening kasangsaran lan karupekan,kang ngebyuki kayadene raja kang wus samekta ing perang,
25 awit ngathungake tangane sumedya nglawan marang Gusti Allah,tuwin mbalela marang Kang Mahakuwasa,
26 kalawan ndegeg anggone enggal-enggal mapagake Panjenenge,kambi nggawa tameng-tamenge kang kalapis-lapis kandel.
27 Raine wus kablonyo ing gajih,lan bangkekane dietrapi ing sabuk gajih lelapisan;
28 banjur ngenggoni kutha-kutha kang wus gempur,lan omah-omah kang ora kena dienggoni ing wong, kang cinadhangake dadi jugrugan.
29 Dheweke ora bakal dadi sugih sarta raja-darbeke ora tulus,tuwin barang-barange ora wuwuh ana ing bumi,
30 bakal ora bisa oncat saka ing pepeteng,trubus-trubusane bakal garing kena panasing geni,tuwin dheweke bakal kasirnakake dening napasing tutuke.
31 Wong mau aja ngandel marang bab-bab kang tanpa isi, amarga bakal kapusan,awit oleh-olehane iya tanpa paedah.
32 Sadurunge titi-mangsane banjur wus mati,sarta pang-pange ora bakal bisa seger.
33 Kayadene wit anggur kang gogrog wohe,lan kaya wit jaitun kang gogrog kembange.
34 Awitdene golonganing wong duraka ora bakal ngetokake woh,sarta tarub-tarube wong kang nampani besel bakal kamangsa ing geni.
35 Iku padha meteng kasusahan lan nglairake piala,sarta atine ngandhut goroh.”