1 Kowe nguwuh-uwuh, apa ana wong kang sumaur?Panunggalane para suci sapa kang kena kokungseni?
2 Awit sanyatane wong bodho iku pinatenan dening kanepsone dhewe,sarta wong kang tanpa nalar iku kasirnakake dening kamerening atine dhewe.
3 Aku dhewe wus tau weruh wong bodho kang metu oyode,nanging enggal-enggal dakipat-ipati omahe.
4 Anake padha ora kapitulungan,padha kaidak-idak ana ing saketheng,ora ana kang mitulungi.
5 Undhuh-undhuhane dipangan nganti entek dening wong keluwen,malah direbut saka ing satengahe eri,sarta wong kang ngelak padha melik marang barang-darbeke.
6 Awit cilaka iku pinangkane ora saka ing lebu,lan ora saka ing bumi tuwuhe kasusahan;
7 nanging manungsa iku anggone lair ginadhang marang kasusahan,kaya pletiking geni kang mumbul.
8 Nanging yen aku mesthi ngupaya Gusti Allah,sarta mitayakake prakaraku marang Pangeran,
9 kang nindakake pakaryan-pakaryan kang agung, kang ora kena kinayangapa,tuwin kaelokan tanpa wilangan;
10 kang paring udan marang bumilan banyu marang pategalan;
11 Wong asor kasengkakake marang kaluhuran,tuwin wong prihatin pinaringan pitulungan kang santosa.
12 Rancangane wong culika kagagalake,satemah pambudidayane tangane ora oleh gawe.
13 Para wong wasis dicepeng sajroning kaculikane dhewe,lan kekarepane wong julig ora bakal ketutugan.
14 Ing wayah awan padha kesaput ing pepeteng,lan samangsa tengange gagap-gagap kaya ing wayah bengi.
15 Nanging wong papa iku padha diluwari saka ing cangkeme kang nggegirisi,tuwin saka ing tangane wong kang santosa.
16 Marga saka mangkono wong cilik duwe pangarep-arep,sarta cangkeme kadursilan kabungkem.
17 Sanyatane rahayu wong kang winelehake dening Allah;mulane aja nampik pamerdine Kang Mahakuwasa.
18 Awit Gusti Allah kang natoni, nanging kang mblebed uga;iya natoni, nanging astane nyarasake.
19 Sajroning karubedan nem warna kowe mesthi dipitulungi,bareng tekane kang kapitu ora nganti ginepok ing cilaka.
20 Sajroning pailan kowe diluwari saka ing pati,lan sajroning perang saka ing pamisesane pedhang.
21 Kowe mesthi kaaling-alingan supaya ora kena ing pamecuting ilat,sarta kowe ora usah wedi marang tekane karusakan.
22 Karusakan lan pailan bakal kokesemi,tuwin kewan alasan ora bakal kokwedeni.
23 Awit kowe mesthi bakal nganakake prajanjian karo watu-watu ing ara-ara,sarta kewan-kewan ing ara-ara bakal padha rukun karo kowe.
24 Kowe mesthi bakal ngalami tentrem ana ing tarubmulan manawa kowe niti-priksa omahmu, mesthi ora ana apa-apa kang ilang.
25 Karo maneh bakal ngalami turunmu dadi akehtuwin wijimu kaya suket ing bumi.
26 Anggonmu mudhun marang ing kluwat manawa kowe wus tuwa banget,kaya tumpukan gandum kang kasimpen marga wus wancine.
27 Lah ta iku kabeh wus padha daksatitekake, pancen mangkono kaanane;bab iku rasakna lan titenana!”