1 “Pancen ana papan pamelikan salakalan papan panglimbangan emas.
2 Wesi didhudhuk saka ing lemahsarta tembaga metu saka ing watu kang ingejer.
3 Pepeteng diuwisi dening wong,nganti tekan teleng kang jero-jero anggone nliti watu-watukang ana ing pepeteng lan ing palimengan.
4 Wong kang padha ndhudhuk pamelikan iku adoh saka papan padunungane wong akeh,padha dilalekake dening wong kang padha lumaku ing dhuwurpadha nggandhul geyang-geyong tanpa ancik-ancik adoh karo wong akeh.
5 Bumi kang nuwuhake gandum,ngisore kawolak-walik kaya dening geni.
6 Watune kadunungan watu manilakang isi mas ure.
7 Dalane mrana ora kasumurupan ing manuk galak siji-sijialan ora kaweruhan ing matane manuk bidho,
8 ora kaambah ing kewan galak,lan iya ora ana singa kang liwat ing kono.
9 Watu kelang uga ditandangi dening manungsa,gunung-gunung padha didhungkari tekan ing dhasare.
10 Gunung parang padha diboboki digawe trowongan,mripate ndeleng samubarang kang adi.
11 Rembesing kali-kali padha dibuntetilan apa kang sumimpen diwetokake marang ing pepadhang.
12 Nanging kawicaksanan iku tinemune ana ing ngendi,lan ana ing ngendi dununge akalbudi?
13 Manungsa ora sumurup marang ajine,sarta iku iya ora tinemu ing bumine wong urip.
14 Calathune teleng: Aku ora kanggonan.Ujare sagara: Aku ora kadunungan.
15 Ora kena diijoli ing emas murni,utawa diregani kalawan salaka.
16 Ora kena diregani nganggo emas Ofirutawa nganggo sotya soham kang larang lan manila kang adi,
17 ora kena ditandhing karo emas utawa kaca,utawa diijoli rerenggan emas murni.
18 Giwang utawa kristal iku sapele yen katimbang karo iku.Ndarbeni kawicaksanan iku luwih becik tinimbang mutyara.
19 Sotya cepaka saka ing tanah Etiopia iya ora bisa nandhingi;iya ora kena diajeni nganggo emas murni.
20 Kawicaksanan iku saka ngendi asale,lan akal-budi iku ana ngendi panggonane?
21 Iku sinamar tumrap mripate wong urip,malah uga sinamar tumrap manuk ing awang-awang.
22 Kasusahan lan pati calathu:Kupingku mung krungu wartane bae.
23 Gusti Allah kang mirsa dalan kang anjog marang kawicaksanansarta nguningani dununge.
24 Amarga paningale nyrambahi tekan ing pungkasane bumi,sarta mirsa apa kang ana ing sangisoring langit kabeh.
25 Nalika Panjenengane netepake kakuwataning angin,lan nemtokake kehing banyu,
26 nalika damel katetepan tumrap udanlan dalaning kilate gludhug,
27 nalika iku Panjenengane nguningani kawicaksanan kang banjur kawartakake,katetepake, malah iya katiti-priksa;
28 nanging marang manungsa pangandikane:Lah pangabekti marang Pangeran iku kawicaksanan sarta nyingkiri piala iku akal-budi.”