5 Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.
6 Nuju ing sawijining dina para putraning Allah padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah; nuli Iblis iya seba bebarengan.
7 Ing kono Sang Yehuwah ngandika marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Unjuk wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”
8 Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ig salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”
9 Unjuk wangsulane Iblis marang Pangeran Yehuwah: “Punapa tanpa pituwas Ayub anggenipun ngabekti dhumateng Gusti Allah?
10 Piyambakipun tuwin griya dalasan sadaya barang darbekipun, punapa boten Paduka pageri kemput? Punapa ingkang katindakaken sampun Paduka berkahi saha barang darbekipun saya wewah wonten ing nagari ngriku.
11 Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”