19 kados-kados kawula boten nate wonten,saking guwa-garbaning biyung lajeng kemawon kabekta dhateng ing pakuburan.
20 Punapa dinten-dintening umur kawula boten namung sakedhik?Paduka mugi karsaa ngendelaken kawula, supados kawula saged bingah sawatawis,
21 saderengipun kawula kesah lan boten mawi wangsul malihdhateng nagari ingkang peteng lelimengan,
22 dhateng nagari ingkang peteng ndhedhet,panggenan ingkang peteng sanget saha worsuh,ingkang cahyaning pepadhangipun sami kaliyan pepeteng.”