2 Aku arep munjuk marang Gusti Allah:Paduka mugi sampun ngantos nglepataken dhateng kawula;kawula mugi Paduka sumerepaken,punapa sababipun dene Paduka nglawan dhateng kawula.
3 Mikantuki punapa ta kagem Paduka, manawi nindhes tiyang punika,manawi Paduka mbucal pakaryaning asta Paduka, saha paduka paring pambiyantu dhateng rancanganipun tiyang duraka?
4 Punapa Paduka kagungan paningal wadhag?Anggen Paduka mirsani samukawis punapa inggih kados patrapipun manungsa anggenipun ningali?
5 Yuswa Paduka punapa memper kados umuripun manungsa,petangan taun Paduka punapa inggih kados umuripun tiyang jaler,
6 dene Paduka kok karsa madosi kalepatan kawula,saha nlusur dosa kawula,
7 mangka paduka mirsa, bilih kawula sanes tiyang duraka,saha bilih boten wonten tiyang ingkang saged oncat saking asta Paduka?
8 Asta Paduka ingkang mangun saha ngwujudaken kawula,nanging Paduka kok lajeng boten karsa mirsani kawula sarta badhe nyirnakaken kawula?